Cerkak : Renang Karo Keluargaku

Dening Linda Sari (XII-A)

Ing dina minggu aku lan keluargaku renang ning daerah Pakisaji. Sakdurunge iku, aku lan adikku otot-otottan milih nggon renang.

“Ning bonderland ae dekk” 

“ Yo budalo dewe ae “ saut e adekku

Adikku ora gelem ning bonderland lan ngotot ning Pakisaji. Krungu-krungu seko ceritone wong-wong ing kolam renang Pakisaji iku angker koyok kolam ora tau di rumat. Nanging adikku tak kandani ora percoyo lan bener-bener pingin ning kono amergo di iming-iming kancane ning sekolahane. 

“ Yowes dek karepmulah dijak ning sing lue penak kok malah ora gelem “ omongku karo gerundel

“ Wis ta mbak apik-apik “ saut e adikku.

Aku ngalah lan nuruti karepane adikku ning kolam renang kunu. 

Minggu esuk e aku lan keluargaku siap-siap budal ning nggon kolam renang. Aku lan keluargaku budal sekitar jam 9 an lan sekitar jam 10 wis teko nggon kolam renange.

“ Apikkan bonderland ngene lo dek “ 

“ Gak peduli kan aku sing pingin rene “ 

“ Wis-wis jo gelut ae ndang nyemplung “ jawab e ayahku sing mumet ngrungokne anak e tukaran wae.

Adikku seneng banget nganti mlayu-mlayu ning arah kolam e. Aku, ayah, lan adikku ganti sandangan renang nanging ibuku ora gelem melu renang amergo adem. Aku tetep melu seneng yen nguwasne adikku seneng masio guduk kolam sing tak pingin i. Ing jero kolam, ayah blajari adikku renang nanging adikku ora gelem nyemplungke sirahe ning jero banyu amergo wedi kelelep padahal kolame mung sedengkul.

“ Wkwkwkwk ora iso renang kok jaluk renang dekk cemen “

“ Alaah sampean yo ora iso renang wae loh “ saut e adikku sing ngilokne aku balek.

Aku ngakak nguwasne adikku ora wani renang padahal aku dewe podo ora iso renang. Ing sekitar rodok awan, panase wis menteng-menteng ning nduor sirah.

“ Nak, ayo maem sik mengko lanjut maneh “ Ujar e ayahku sing bengok i anak e.

“ Ya sik mantun niki nyusul “ Jawabku marang ayah.

“ Ayo dik maem sik ben ora luwe “ Aku ngajak adikku mentas teko kolam.

Ibuku numbasne popmie ning warung amergo popmie paling nikmat di pangan sakwise renang. Ning popmie sik panas karo adikku langsung dicucup

“ Huekk, aaa ibuk panaas “ Sambat e adik nang ibu.

“ Lololo sik panas dik alon-alon di sebul ben adem, ayo ngombe sik “ Saut e ibuku.

Sakwise iku adikku menikmati popmie ne lan seneng banget cerito belajar renang sing di ajari ayah nanging ora iso-iso. Wis rodok sue popmie ne entek, ayah lan adikku lanjut nyemplung kolam nanging aku iseh dulinan hp lan crito-crito karo ibukku. Ning rodok sue aku arep nyusul ayah lan adikku renang. Aku mlaku biasa wae ning arah kolam e nanging aku moro-moro kepleset tibo ning buri lan sirahku natap kolam. Aku ora njerit blas nanging pandanganku peteng lan suorone wong-wong podo samar-samar ning kupingku.

“ Linda !!! “.

Ibukku bengok langsung mlayu marani aku. Untung wae aku isih iso tangi masio sirah mumet amergo ketatap. Keluargaku panik lan wong-wong podo marani. Aku kaget ning ngisorku wis kolam kosong tanpo banyu sing wis lumutan padahal aku ngeroso ora lewat kolam kunu. Aku crito kejadian e lan ternyata wong-wong podo yakin yen kolam iki bener-bener angker amergo sakdurunge wong-wong krungu yen kolam iku angker nanging ora percoyo. 

“ Wis iki berarti bener kolam e ono penunggu e” saut e wong-wong

“ Ono penunggu e kuwi yo gara-gara kolam sing ra tau di rijiki mung di ganti banyu “ Wong – wong sing podo rame ngomongke kejadian iku maeng.

Ayahku wis ngamuk-ngamuk lan langsung lapor ning penjogo kolam e. Adikku mung iso meneng nguwasne aku tibo.

“ Pak, yokpo iki anakku tibo gara-gara kowe ora mikirke keslametan e wong sing renang!! “

“ Loh wonten nopo pak “

“ Anakku tibo gara-gara kowe ora ngrijiki kolam sing lumutan koyo ngono kui. Lek anakku kenopo nopo kowe gelem tanggung jawab opo ora!! . Delokken kolam mu sing lumuten ngono kui “

“ Ngapunten pak kulo nggeh mboten semerap lek kolam e rusuh ngunu kui “

“ Halahh tak viralno lek kowe ora gelem tanggung jawab ning kolammu “

“ Nggeh pak ngapunten e sing katah kulo salah, mantun niki kulo rijiki lumut- lumut e nanging kulo ngge nedhi jenengan ojo viralne kolam kulo niki, mung iki pak penghasilan keluarga kulo”

“ Tak sepuro nanging lek sampek kolam iki durung kowe rijiki bakal tak viralne ben gak bahaya ning wong liyo sing arep renang “

Sakwise iku aku lan keluargaku siap-siap muleh. Untung wae aku sing tibo guduk adikku lan keluargaku. Adikku wis ora gelem maneh ning kolam kunu amergo wedi kejadian ngonokui maeng.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu