Cerkak : Nyore Ing Buring Satelit

Dening Nyata Saputra Singuda (XII-A)

Ing dino minggu Rangga motoran menyang suhat gawe photoshot lan silahturahmi menyang arek-arek sing sehobi lan sejalan yaiku bocah-bocah Club Motor ing kota Malang , ing kunu Rangga ketemu konco sak smp e biyen sing jenenge Haris. Amarga suwi ora ketemu Rangga lan Haris omongan wong loro.

“Wis suwi yo ora ketemu,piye kabarmu saiki?” Ngedikane Rangga

“Alhamdulillah seger waras aku , dirimu piye kabare, kok saiki awak e tambah kekel lan tambah glowing ngunu rek!” Ngendikane Haris

“Alhamdulillah, opo ae dirimu ris ,wong aku yo ngene-ngene wae kok.” Ngendikane Rangga

“Saiki dirimu kuliah opo ws kerjo ris?” Ngendikane Rangga maneh

“Aku kuliah saiki.” Ngendikane Haris

“Oalah berarti podo toh kambek aku.” Ngendikane Rangga

“Yen ngunu kuwi,aku njaluk nomor Wa mu ngga, ben iso chattan.” Ngendikane Haris

“wes, engkok lek ono acara utowo gabut chat o aku ben iso motoran bareng yo, yowes lk ngunu aku tak mbalek disek amarga aku ono janji karo koncoku.” Ngendikane Rangga

“Oalah, oke-oke, tiati yo bro” Ngendikane Haris

 Sawise kumpul lan omong-omongan karo Haris, Rangga mbalek amarga duwe janji karo kancane sing jenenge Doni lan Andik amarga wes nduwe rencana arep nyore bareng. Rangga Doni lan Andik akhire ketemuan lan budal menyang panggonan sing biasa dinggo nyore karo arek-arek enom, ono sing dinggo kumpul karo kancane lan ono sing dinggo pacaran pisan, amarga panggonane wis podo rame lan wis jam 3 sore Doni malah nggrundel.

“Piye ngeneki, kabeh panggon wes podo rame, mosok iyo gasido nyore rek!” Ngendikane Doni

“Yo ojo lah, awakdewe wes gawe rencana iki mulai wingi-winginane.” Ngendikane Rangga

“Yo terus awakdewe arep nyore ing ngendi maneh, kabeh panggon nyore wes podo rame.” Ngendikane Doni

“Wes, Don ojo Nggrundel wae, sek aku tak mikir arep nangdi!” Ngendikane  Andik

“Oh aku eleng, winginane pas aku ngeterno Jeni mulih, aku sempet ndelok ono salah siji perumahan ing Buring satelit ono taman sing nduwe pemandangan sing apik nganggo sore lan ono Indomart te.” Ngendikane Andik

“Gak ngomong mulai maeng, yowes gausah suwe-suwe ayo ndang budal” Ngendikane Doni

Akhire Rangga Doni lan Andik budal menyang Perumahan ing Buring Satelit sing di omongi karo Andik maeng. Ing dalan motor e Doni moro-moro mati amarga keentekan bensin.

“Oalah kok isone kentekan bensin iku loh” kandane Rangga

“Yo sepurane aku lali lek wingi mari menyang Blitar, terus lali tak isi maneh” Ngendikane Doni

“Yowes ndang nggolek Pom bensin ben gak kesorean, lek gasalah ndek ngarep ono Pom” Ngendikane Andik

“Yowes ndang sorongno ben gasuwe-suwe.” Ngendikane Doni

Andik lan Rangga nyorong motore Doni nganti Pom. Sawise ngisi bensin Rangga Doni lan Andik ngelanjutno perjalan ing Buring Satelit, ing kunu Doni lan Rangga kaget amarga ono panggonan sing apik tapi sepi dan cocok nggawe nyore.

“biuhh, kaet ero ono panggon sing apik koyok ngene.” Ngendikane Doni

“Iyo i kaet ero aku, gas wes mlebu ayo.” Ngendikane Rangga

Akhire Rangga Doni lan Andik masuk lan markir motor e lan langsung tuku ombean ing indomart lan lanjut njaggong ing taman karo ngenikmati  matahari nganti mendelep.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu