Cerkak : Anantari lan Gustine

Dening Indah Choirun Nisa (XII-A)

Ing Dina Senin sing cerah, Sawise Anantari sembahyang subuh lan siap siap budal sekolah, Anantari pamit menyang Bapak lan Ibune sing lagi omong omongan ning Ruang Tamu

“Pak, Bu, Tari bidhal sekolah riyen nggeh”, pamite Anantari menyang wong tuwone.

Bu Arundari lan Pak Maryadi sing lagi omong omongan banjur podo nyauti siji siji.

 “Wis sarapan to nduk? Kok wis arepe budhal kuwi?”, takon e bu Arundari.

“Sampun bu, Aman!”. 

Bapak sing lagi ngunjuk kopi banjur nyauti pisan. 

“Arep budhal karo sopo nduk? Laras yo durung ketok nyusul kok sampeyan wis arepe budhal.”, 

“Kalih kulo pak, Tari sampun sanjang kulo, menawi dinten niki arep bidhal kalih kulo, kulo nggih arep dhateng kantor luwih enjing dinten iki.” Saut e Mas Argani, Mas e Anantari.

Sawise pacelathon singkat kuwi, Anantari banjur budhal sekolah diterke karo Mas Argani.  

Sak tekone Anantari ning sekolah, Anantari banjur mlebu kelas lan lungguh menyang bangkune. Sekolah katon sepi amarga sek jam 6, mung ana Pak Bono lan Mas Wiji sing lagi ngepel koridor kelas amarga piyambake salah sawijine pengurus sekolah. 

Ing suasana kelas sing sepi Anantari banjur mikir lan ngelamun. Wis meh 3 minggu Anantari mikirke babagan agama sing ora ono jutul e. Akeh pitakon sing muncul lan terus munyer ning njero pikiran e nanging Anantari bingung opo sing kudu dilakoni.

Pandom jam wis ono ing ongko 6, wis kurang luwih 30 menit Anantari ngelamun dewe sampek dheweke ora sadar yen sohib e yoiku Laras, Aji, lan Raden wis nguasno teko mejo sing ana ing ngarepe bangkune Anantari. 

“Jane bocah kuwi mikir opo to yo?”, ngendikane Aji. 

“Lhayo mbo, isane sampek ora kroso howo ne menungso,” Raden nyauti. 

Laras sing ngadek ning jejere Anantari banjur lungguh lan nggeplak pundak e Anantari. 

“Tar!, sek isuk kuwi lo lek ngelamun ojo nemen nemen mengko umpomo kerusupan nggarai bingung sak sekolah.”, Anantari kaget, banjur sadar nek para sohib e ws teko.

Suasana kelas sing maune sepi lhakok ujug ujug wis rame.

Pasinaon dikaiti, Bu Yani mlebu kelas lan para siswa ngucapake salam

“Assalamualaikum sugeng Enjing Buu!”, ngendikane para siswa.

 “Sugeng Enjing cah, Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Sadurunge mulai pasinaon e Bu Yani arep ngandani kabar sing marai ati sedih.”, Jawab e Bu Yani.

 Para siswa banjur nyauti, “Kabar nopo bu?”. 

“Konco kelas e sampeyan kabeh, Dini dinyatakake dikeluarkan teko sekolah amarga keweruhan pacaran kebablasen.”, Jelas e Bu Yani. 

“Kabar iki pancen ngejutake akeh pihak termasuk Bu Yani, sak iki Bu Yani mung bisa ngeweheni nasihat babagan iki sak luwihe mbalik nang kepribadiane sampeyan dewe dewe, Bu Yani pesen ojo sampek murid muridku lali marang agamane amarga pergaulan jaman saiki wes nemen banget akibate.” Tambahe Bu Yani.

Para siswa sing mireng kabar iku banjur podo rame bisik bisik, tapi Anantari tetep meneng lan ngrenungi opo sing tas disampekne karo Bu Yani. Sawise iku, Anantari krungu pacelathon e Aji lan Raden

 Raden ngomong, “Untung yo ji awak dewe sek ngaji lan ngerti agama masio sak uprit,”

 “Iyo Den aku yo muji syukur sek iso ngaji babagan tajwid, aqidah akhlak, lan fiqih tibake berguna banget gae kehidupan ing jaman akhir koyo ngene,” Respon e Aji nyauti Raden. 

Laras sing sadar yen Anantari meneng ae banjur nggeplak pundake Anantari lan ngomong, 

“Tar! Jane mulai maeng kowe iki mikirke opo? kene ta cerito ben kanggo sohibmu kuwi!”,

 “Iyo Tar bener!” Saute Aji lan Raden Barengan. 

Akhire Anantari ngomong “Aku bingung wedi pisan, amarga ilmu agamaku kuwi kurang, aku sek fakir ilmu agama aku getun leren ngaji pas wayah SMP, ditambah maneh posisiku saiki pacaran karo Mas Fikri aku ngeroso kedusan bangettt.”

“Saiki ngene Tar, Awakmu kuwi ngeroso salah gak ngelakoni kabeh?”, Takon e Laras

“Salah Ras, tapi aku kudu piye? opo aku kudu mareni hubunganku karo Mas Fikri? Jujur aku pribadi sejatine ngeroso nek pacaran kuwi mek mbuang mbuang wektuku.” Jawab e Anantari

Banjur saiki gilirane Aji lan Raden sing nyauti

“Mumpung awakmu wes sadar Tar, ayo dilurusne saiki ayo balik ngaji, ayo netepno ibadahe.” Saute Raden

Ora gelem kalah Aji nyauti pisan, “Lan sing pualing puenting gae uripmu dunia akhirat kuwi PUTUSNOO MAS PIKRIII!!! HARAM TARR HARAM!!”

Krungu Aji bengok bengok jelas kabeh kaget banjur Laras lan Raden nabok raine Aji nganggo kanebo sing ono ning nduwur bangkune Anantari. 

Sekolah wis bubar setengah jam maeng. Anantari ono ning parkiran ngenteni Mas Fikri sing arep ditemoni lan dijak ngomong babagan hubungan.

“Assalamualaikum Tar, ono opo kok njaluk ketemu saiki?”, Ucape Mas Fikri sing moro teko lan njejeri Anantari.

“Waalaikumsalam Mas, Emm…. Tari arepe ngomong nek awake dewe teko kene ae yaa. Tari sadar pacaran iku haram lan kegiatan sing mbuang mbuang wektu awake dhewe.”

“Ndadak banget to Tar! Ono opo? Aku sek bingung” 

“Sing penting intine hubungane awake dhewe mari lan tuntas saiki.”

“Nek ancene iku karepe atimu Tar, Mas Fikri manut. Matur nuwun lan sepurane sing akeh yo Tar.”

“Tari ws ngeroso cukup Mas, Tari Pamit Assalamualaikum.”

Mas Fikri sing ndelok Tari mlaku tambah adoh mung iso meneng. Ora sadar mripate wes teles nguasno Tari sing terus mlaku lan ora noleh maneh madep awake. 

Tari terus mlaku nang arahe Mas Argani sing wes nyusul ning ngarep e gerbang sekolah. Mas Argani sing weruh Tari ketok lesu langsung takon.

“Kenopo Tar? Wong bar ketemu ayang malah lesu.” Takone Mas Argani

“Pedot Mas.” Tanggepe Tari singkat.

“Loalah lapo dimareni kuwi? wes sadar nek kliru ta? bwahahhah.” Mas Argani takon maneh lan mung iso ngguyu adekne sing tas putus cinta. 

Anantari ora nanggepi maneh lan langsung numpak nang sepeda motore mase. Sak dowone dalan moleh Anantari mung meneng gae netepno atine nek keputusan sing dijupuk kuwi wes paling bener. Sak tekone ning omah Bu Arundari bingung kok anake lesu, banjur takon nang putrane yaiku Mas Argani.

“Gan, kenopo adekmu kuwi?”, Takon e Bu Arundari

“Putus cinta bu, dheweke pun sadar nek pacaran kuwi kliru.” Jawabe Mas Argani

“Alhamdulillah, tapi nek ngene ibu bingung kudu piye ngejak omong adekmu.” , Takone Bu Arundari

“Nggeh njenengan tangleti alon alon bu. Semangat nggeh bu, mugi putrine waras ahahahah.” Balese Mas Argani karo nyludur menyang kamare

Anantari sing tas teko sekolah langsung mlebu kamar lan nutup lawang. Ora let suwe Anantari krungu lawang e ono sing arep mbuka selanjute ono suorone Bu Arundari sing lumayan banter

“Nduk….Ibu oleh mlebu?”

“Nggeh bu, monggo pintune mboten Tari kunci.”

Bu Arundari banjur mlebu lan ngejak Tari Ngomong

“Kenopo nduk, gak enak ati ta? opo ono masalah?”, Ngendikane Bu Arundari.

Anantari sing lagi nggolek kaos ganti banjur nyemauri, “Mboten bu, Tari mboten nopo nopo.”

“Terus kenopo? Jare Masmu putus cinta, Mas Fikri opo Tari sing mareni?

“Kulo bu, sebab kulo sadar nek pacaran kuwi mbuang mbuang wektu e kulo lan Mas Fikri piyambak.”

“Terus opo sebenere sing marai gelo atimu?”

“Niku bu, emmmm Bu Yanti wau ngabari salah setunggale rencang kulo wonten sing di drop out teko sekolah amarga keweruhan pacaran kebablasen. Tari ajrit sebab jaman pun tambah mboten kondusif nanging Tari kurang ilmu agama. Tari mikir nek Tari terus ngeten ngeten mawon pasti wonten kemungkinan Tari kejerumus ing mbesuk mbesuke. Niku mergone Tari Ajrit bu.” Jelase Tari sing dowo lan ombo.

“Saiki ngene nduk, nek ancene atimu wes trep arepe berubah ayo dilakoni alon alon, Mas Argani, Ibu, Bapak, lan Sohib sohibmu kuwi pasti ndukung. Pun saiki diniati berubah krana Gusti Allah ora krana liane, atine di tetepne ojo sampek teko tengah dalan sambat gak kuat soale yo sejatine wong sing arep berubah dadi luwih apik mesti ono ujiane.”, Tuturane Bu Arundari marang Anantari.

Anantari banjur meneng cep. Bu Arundari sing ngerti nek putrine butuh wektu gae mikir tenang langsung pamitan lan metu teko kamare Anantari. Ing menenge Anantari ono niat lan tekad gae berubah dadi sing luwih apik tekan saiki. Anantari bajur njupuk hp lan ngabari sohib e.

Tuttt tuttt tuttt

“Halo Assalamualaikum.”, Laras, Aji, lan Raden salam bareng

“Waalaikumsalam.”, 

“Kenopo Tar? Ono opo?,” Takone Laras

“Aku arep melu bareng awakmu kabeh.”

“ALHAMDULILLAH YA ALLAH, AUUU.”, Aji lan Raden podo ngucap hamdallah karo bengok bengok.

“GASS! BAR MAGHRIB TAK SUSUL YO TARRR.”, Saute Laras ora kalah banter

Tari mesem lan Akhire telpon e dipateni.

Wis kurang luwih sak ulan Anantari ngelakoni urip anyare. Anantari wis mulai ngaji, nggae gamis syar’i, gelek menyang Masjid, lan jilbaban sing nutup dada. Bayangane Mas Fikri wis mulai ilang teko dino dino e Anantari. Chat wa sing biasa e mesti disemat karo Anantari saiki wes mulai ilang gegara kependem chat liane. Tapi sore iku ono chat teko Mas Fikri.

“Tar, aku ngerti awake dhewe wis mari. Tapi aku kepingin ngomong iki gae sing terakhir kali. Aku yo niat berubah dadi luwih apik. Aku bakal luwih milih Gusti timbang liane. Matur nuwun Tar, Mugo Gusti ngewenehi kesempatan awake dhewe ketemu ning versi sing luwih apik lan dalan takdir sing apik.” Isi chate Mas Fikri.

Anantari sing moco chat teko Mas Fikri mung iso mesem lan ora mbales opo opo. Teko kene Tari ngerti nek ilmu agama kuwi kudu ono ing ndukur dewe. Kerono Gusti mung siji ora ono hal sing luwih penting teko Gusti. Takdir lan dalane Gusti iku sejatine sing paling apik, awakdhewe dadi menungso kudu terus berubah dadi luwih apik lan kudu mesti nguber ridho e Gusti.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu