Cerkak : Menyang Pantai Balekambang Bareng Dulurku

Dening Fifian (XII-A)

Preian sawise riyoyoan Islam, Aku ditawani dulurku hiling nang pantai.

“Ayo awakmu melok a dolen nang pantai?.” takone Mas.

“Loh, yo ayo ae gass.” jawabku.

Akhire pas bengi langsung gass ae budal nang pantai. Pantai sing di tuju yoiku Pantai Balekambang. Aku karo dulurku budal sekitar jam 8 bengi, bar kuwi tekan pantaine sekitar jam 10 an bengi.

Tekan kono noto barang – barang sing digowo karo ngadekno tendo, soale niat e aku karo dolorku nginep nang pantai kuwi. Sawise noto sak sembarange wis bar, Masku keluwen ngejak aku mangan.

“Dek, ayo nggae mi instan soale aku luwe.” ajak e Masku.

“Ayo Mas, aku yo luwe i, mesisan karo nggae teh anget soale hawane adem.” jawabku.

Aku karo Masku mangan di sambi karo nyawang surut e banyu laut. Sawise mangan, jam 12 an bengi aku dijak mlaku – mlaku sekitar pantai karo ndelok suasana pantai tengah wengi.

“Ayo mlaku – mlaku sek sakhurunge awak e turu, soale mari mangan gak oleh langsung turu.” ajak e Mas.

“Yowes ayo, aku ngono manut wong sing mbayari aku nang pantai yo sampean.” jawabku karo guyon nang Masku.

Pas mlaku – mlaku jebule ono grombolan mas – mas podo jagongan tengah wengi, aku wedi kate ngliwati.

“Mas, kok akeh mas – mas sing podo jagongan se, aku wedi lek ngliwati, yopo lek awak e balek ae moro turu ae wis bengi yoan aku wis kesel.” ajakku nang Mas.

“Yowes ayo lek balek.” jawab e Mas.

Pas tekan tendo aku langsung turu ae soale mari mangan pisan dadi e ngantuk. Tapi aku asline yo rodok mangkel karo montor sing cedek tendoku, gara – gara ceksonan tengah wengi banter e eram aku angel te turu. Wayah e wong podo turu tapi kono malah joget – joget. Aku berusaha ben iso turu masio rodok keganggu karo musik e. Aku, Budhe, Pakdhe, karo Mbakku wis podo turu tapi Masku malah sek hpan karo ngabari ayang e.

Wayah isuk, Aku tangi langsung nang jeding adus. Sawise aku adus, Budheku moro wis nyepaki sarapan. Awak dewe sarapan bareng – bareng karo menikmati sunrise Pantai Balekambang. Sawise mangan, Aku dijak Mbak karo Mas mlaku – mlaku nang sakdowone jembatan karo ndelok suasana Pure Balekambang pas isuk. Ing kono akeh wong podo antri dolanan flying fox karo akeh sing foto – foto nang ngarep e pure. Ora suwe mlaku nang sekitaran pure, Aku dijak renang karo Masku tapi Mbakku malah njalok numpak bebek – bebekan sing gede kuwi karo di gowo renang.

“Aku pingin numpak bebek – bebekan iku loh sek.” Penjaluke Mbak sing setelen koyo cah cilik. 

“Duh, ono ae arek iki rek,” jawab e Mas karo rodok nggrundel tapi tetep di turuti.

Akhire Mbak numpak bebek – bebekan, Aku karo Mas renang wong loro. Sawise renang, Aku male adus maneh gara – gara manut ae dijak renang. Mari adus aku golek es nang sekitar tendoku, jebule aku malah ketemu karo arek lanang sing lagi cedek karo aku.

“Loh, nang kene pisan?.” takone cah e.

“Iya, Aku nginep molai mambengi karo dulurku,” jawabku nang de’e.

“Oalah, lah ngono kok ora ngabari Aku sek kok malah off.” jawab e de’e karo rodok mecoco.

“Iya maap, lah aku ganok sinyal blas nang kene dadi off ora iso ngabari, hehe.” Jawabku karo mesem.

“Yowes gakpapa, lek ngono aku tak mlaku – mlaku sek ya tas teko aku.” omonge cah e.

“Iya, Aku sek tuku es, mariki dijak moleh yoan karo Budhe mbe Pakdhe.” jawabku.

“Yauda, ati – ati yaa.” cah e karo mesam – mesem.

Mari tuku es, moro Aku dijak mulih karo Budhe mbe Pakdheku. Sakdowo e dalan Aku turu tok soale ngantuk gara – gara mari adus hawane male kudu merem ae. Oleh setengah perjalanan, kabeh podo luwe mandek nang warung bakso pinggir embong.

“Mandek sek yo nang warung bakso, luwe iki.” omonge Pakdhe karo nyetir montor.

“Oke siap, mangan sek.” jawab e sing podo keluwen.

Sawise mangan lanjut perjalanan mulih, tapi Aku, Mbak, karo Mas podo ngantuk soale kewareken mangan bakso.

“Duh, ngantuk aku mari mangan warek iki.” omonge Mas karo klangopan.

Ora kroso moro wis anjok omah, kabeh podo kesel. Tapi yo ono seneng e mari hiling masio tipis – tipis. Saking kesel e Aku, Mbak, Mas podo melbu kamar e dewe – dewe karo leyeh – leyeh.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu