Cerkak : Temu Mbiyen Henam

Dening Eka Putri R. (XII – A)

Ulan wingi ing kampungku wakeh acara meringati Agustusan salah sawijine acara “Temu Mbiyen Henam”, carane diadakno sak minggu. Acara iki awale diadakno rong tahun sepisan nanging amarga antusiase warga acara iki dadi acara wajib ben tahun ing desoku.

Persiapan kanggo acara iki suwe nganti limang ulan sadurune dino deng acara, aku dadi panitia ing acara iki wes peng pindo amarga aku anggota karang taruna. 

Persiapane mulai ngelumpukno arek enom kanggo dadi panitia maro ngumpul kanggo pembagian tugas 

“Assalamualaikum Wr.Wb.” ujare ketua Karang Taruna.

“Waalaikumsalam Wr.Wb,” wangsule arek enom seng nglumpuk ing Balai Desa.

“Awak kabeh kumpul ing Balai Desa kanggo mbahas acara wajib saben tahun yoiku Temu Mbiyen Henam Nanging kapisan awake kudu mbahas pembagian tugas koyo sie acra, sie keamanan, sie konsumsi lan sapanunggalane. Monggo mas mbak maju milih samen kabeh kate melu sie opo,” omonge Ketua.

“Oke sampe mriki mas mbak monggo maju setunggal setunggal,” kengkene Sekertaris.

sakwise koordinasi mari.

“Mas Mbak Sampun kabeh nggeh nopo enten seng dorong?” pitakone Sekretaris.

“Sampun,” wangsulane kabeh sing ono dekono.

“Oke, lek ngunu ayo langsung nang inti bahasan yaiku tugas apa wae seng kudu dilakoni mben pas acara lan opo wae seng diperlu disiapne contohne nggae properti gawe acara,” ujar Ketua.

“Monggo sie sie podo kumpul gae koordinasi, ketua monggo anggotane dijak kumpul,”

kengken Wakil Ketua.

Koordinasi sie mari maro kumpul maneh ing tengah kanggo ndungo sadurunge moleh 

Sakwise anggota podo mulih anggota inti karang taruna omong-omongan maneh gae mbahas masalah golek sponsor lan tarikan per RT keliling nang saben omah.

“Yokpo iki kate ndeleh sponsor nandi ae?” pitakone Mbak Asna.

“Yo koyo biasane langganane awake PT gandum, Elita, Honda, MS Glow lan kabeh seng taun wingi seng tau dileboni yopo?” dibales takon karo Mas Sahrul.

“Haduh honda iku kadang angel di acc,” wangsulane Mbak Asna.

“Lo tapikan masio sue ben awake ngelebokno mesti olehe akeh lumayan bos,” balese Mas Jamal.

“Wingilo aku seng budal sek leren ngenteni sui mbake judes duh nggarai pegel,” ujare Mbak Asna.

Mas Jamal ora trimo banjur ngomong, “Aku ae seng budal kok jan kon iku yomesti awake iki njaluk duek gae ngewangi awake,”

“Untung-untungan aku wes budal rono dewe moleh kerjo kesel-kesel,” balese Mbak Asna tambah banter.

“Lek gak ikhlas ngomongo talah duu,” balese Mas Jamal seng mulai emosi.

“Aku wegah rame sak omongmu wes sakarepmu,” wangsule Mbak Asna tambah banter amarga melok emosi.

Mas Jamal seng emosi banjur nyekak Mbak Asna, “Hahaha kalah omong meneng wes,” 

“Opo maksudmu kok ket mang gak ngenakno omonganmu,” balese Mbak Asna nyolot.

“Lo la aku lak nanggepi awakmu sek aku ngomong fakta mbak,” ujar Mas Jamal.

“Wes wes gausa kakean nyangkem gausa rame ae kok jan asik tukaran ae,” ujar Restu.

“La Lily ikulo omongane gak ngenakno,” ujar Mbak Asna.

“La akulo nanggepi samen ngomong mbak,” ujar Mas Jamal

“Wes-wes awake iki kabeh koncoan kudu kompak gae kerja sama nyuksesno acara iku,” ujar ketua seng ket mau meneng ae ngrungokno Mbak Asna karo Mas Jamal tukaran.

Maro kabeh podo meneng lan lanjut ngomongno Pembagian arek gae nariki ben RT pembagian e papat ben kelompok.

“Saiki rungokno takandani Kelompoke sopo ae,” kengkene Sekertaris.

“Kelompok nang RT 1 yaiku April, Viki, Putri, lan Nia. Lanjut, Kelompok nang RT 2 Eka, Tia, Noval, Sahrul. RT 3 yaiku Lora, Yusma, Fattah, Viona …..lan sapanunggalane,” kandane Sekertaris.

“Oke. Kapan budal mubenge?” pitakone Sahrul.

“Yoopo lek pas sabtu ae lan tanggal enom pasti wong-wong podo bar bayaran kabeh kan lumayan,” wangsule Bendahara.

“Yoh awakmu iki meker duek cepet tapi bender seh lumayan tah lek diwei akeh,” ujar Mas Dana.

Ujug-ujug wes kurang rong minggu sak durunge acara.

Kurang rong minggu acara kabeh panitia dikelompokno maneh kanggo nggae gapuro selamat datang.

“Ayo rek seng iso podo kumpul ing prapatan nggae gapuro,” kengkene Mas Dani ing grub Wa.

“Saiki mas?” pitakone Riski.

“Yoiyo saiki mosok taun ngarep wah kon iki,” wangsule Mas Dani.

“Hehehe iyoya oke mas otw,” ujar Riski.

Mas Dani wes ngenteni ing perempatan gak sue arek-arek podo teko kabeh lan langsung nyandak nggae gapuro.

Wong-wong nggaene bengi ben ora ngganggu wong liwat. Amergo dicandak arek akeh sedino mari ditandangi molai mari isya nganti mari jam setengah siji bengi.

Sak minggu sak durunge acara aku lan kanca-kancaku blonjo menyang supermarket.

Aku dadi Ketuane sie konsumsi mangkane aku melok blonjo. Aku blonjo golongane roti, susu gae pengisi acara, kopi, es rentengan, gulo, kopi, aqua gelas lan sapanunggalane keperluan dapur.

Sakdurunge aku yowes blonjo alat makan gae panitia koyok piring, sendok lan gelas amergo cek ora kora-kora.

Ujug-ujug saiki wes tanggal 20 artine acarane dimulai dino pertama iki acarane nampilno bantengan nggone deso dewe penontone rame nganti dalan ing ngarep panggung ora iso diliwati amarga kebek penonton. Arek lanang-lanang seng jogo ing ngarepe dewe nganti kewalahan, yorodewe bantengan akeh peminate. Ing tengah acara bantengan ndilalah ono seng gelot amarga ora trima kesenggol lengene, arek lanang-lanang panitia langsung podo mlayu misah. Alhamdulillah gampang dipisahno lan dimarekno. 

Dino ke loro yo nampilno bantengan maneh iki tambah seru amarga ana 10 grub seng diundang lan ben grub kui akeh penggemare bayangno, ono sepuluh grub sing tampel penonton membludak nganti sesel-seselan. Pantia kewalahan ngatur penonton amarga panitia dibagi bagi lan akeh seng jogo parkir lan seng ning panggung iku wes ditambai tapi sek pancet ora cukup seng ngatur ing kalangan. Ana seng gelot maneh tapi saiki luweh nemen amarga penonton seng mang e gak melok melok ero koncone mlayu melok mlayu gelut kabeh. Arek lanang-lanang wes mlayu kabeh misahno tapi angel amarga kalah jumlah, polisi seng diundang melok misahno tapi yo pancet gaiso akhire Kasun Deso munggah ing panggung lan ngomong ing mic berusaha ngandani ben ora gelot maneh.

“Assalamualaikum Wr.Wb 

Mas mas kulo nyuwun tulung mboten usah main tangan mboten usah gelut . Kita niki saduluran mboten apik gelut monggo sakniki damai lan acarane iso dilanjut maneh,” ujar Kasun ing ndukur panggung.

Coro iku berhasil gae misah penonton akhire acara dilanjut maneh.

Sakwise acarane buyar anggota karang taruna mbalek nang basecamp gawe mangan lan ngomongno masalah gelut mau.

“Wes-wes kuesel aku wong-wong iku jan angel aku kenek antem hare,” ujar Putra.

“Iyoi jan yopo meneh meneh mane gausa nanggap bantengan maneh awak kesel tambah melok kenek antem kate misah,” balese Mas Hari.

“Iyo gausa taon mben nanggap pengajian ae kesel awakku,” ujar Faris nyetujoni omongane Mas Hari.

“Wes rek ojo dibahas wong wes mari digae pelajaran ae gae mben e saiki ayo ndang mangan maro rijik-rijik embong,” perintahe Ketua.

“Iyo Pak Ketua Shap,” balese Putra.

Dino Ketelu lan Kepapat acarane lancar ganok hambatan, dino ketelu nampilno Grub Keroncong tapi seng ndelok rodok sepi amarga biasa-biasa ae, 

Dino kepapat nampilno Campursari Dangdut lan Pentas Seni ben RT. Penontone akeh amarga warga podo ndelok tampilan RT ne dewe-dewe lan akeh seng seneng dangdutan, jam sewelas bengi acarane wes mari lan panitia langsung rijik-rijik sak pengembong kulon nganti etan. Sakwise rijik-rijik banjur mbalek nang basecamp kanggo mangan.

“Alhamdulillah mari Ya Allah kuesel aku,” sambate Faris.

“Iyo jan lego aku dino iki yo ganok hambatan blas,” nyetujoni omongane faris Riski.

“Wes ojo omong ae ayo mangan selak kentekan lue aku,” ujar Fakih.

Sakwise mangan kabeh panitia nglumpuk ing panggung, ana sing joget amarga seneng acarane wes mari, ana sing lungguh, ana sing foto-foto.

“Assalamualaikum, rek ayo nango tengah kabeh aku kate ngomong,” kengkene Mas Ketua ing ndukur panggung.

Akhire kabeh langsung nglumpuk ing tengah panggung,

“Assalamualaikum Wr.Wb dekene aku mewakili gawe ngucapno terima kasih amarga samen kabeh wes gelem urun tenogo mulai dino pertama nganti dino terakhir iki kanggo nyuksesno acara wajib tahunan ing Deso Temu yaiku Temu Mbiyen Henam. Taun iki acarane sukses masio akeh hambatan, masalah tapi awak dewe iso nyelesekno kabeh, akhir kata matur nuwun sanget wassalamualaikum wr.wb,” ujare Ketua ing ndukur panggung.

“Rek ojo mulih dikek ayo selebrasi nyetel lagu DJ lan joget bareng-bareng,” ujar Wakil Ketua.

Akhire arek-arek panitia ngenteni lagu, banjur wes disetelno kabeh podo joget dewe-dewe rasane paleng gawe ngilangi kesel petang dimo acara. 

yaiku kenanganku dadi panitia ing desoku gae nyuksesno acara wajib saben tahun yaiku “Temu Mbiyen Henam”.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu