Cerkak Ujian Luwe

Dening Susilowati

Saben akhir tahun mesti diadakne ulangan akhir tahun utawa panggah kasebut ujian akhir semester. Ing SMA NASIONAL MALANG ulangane diadakno ing sasi Mei kawiwitan tanggal 9 nganti tanggal 15. Kabeh murid mesti nyiapake wacan kang bakal diulangake. Nanging sing ora cocok kuwi ulangane diadakno ing wulan poso. Murid kabeh temtu ana seneng dan susahe. Seneng amarga ketemu wulan ramadhan lan susah amarga luwe-luwe diutus anggone nggarap soal ulangan.

Senajan anggone luwe-luwe amarga poso nanging kabeh siswa tetep anggone semangat sinau lan ngerjakne soal ulangan. Kabeh siswa pantang mundur lan pantang males anggone berjuang ing ulangan semester iki. Ulangan semester kang nemtokake munggah kelas iki pancen kudu digatekake bener anggone ora mung guyon-guyon supados ora nganti oleh nilai sing kurang apik. Siswa kang pinter, setengah pinter, rada pinter, nganti siswa sing kurang bisa ing pelajaran bener-bener berjuang mati-matian anggone sinau senajan direwangi weteng luwe sing penting diniati ibadah kang lilahi ta’ala. Naning ana murid siji loro sing bener-bener ora semangat anggone sinau, uga ana sing sekolah gowo bontot amarga ora poso alasane udzur. Pancen bener yen wayah poso diutus mikir iku abot pisan amarga stamina lan daya semangate mudun saengga kurang asupan pangan. Naning tetep ana siswa kang semangate kaya semangat 45, bener-bener niat sinau lan ngerjakno soal anggone ngelaksanake uga ngrampungno ulangan semester saenggo oleh nilai ingkang becik.

Lain siswa uga ana bapak lan ibu guru kang semangat anggone njogo ulangan, ana guru sing njaga lan ana sing ora njaga. Guru kang ora njaga kuwi pancen ditugasake ngurus akreditasi sekolah. Saben dina para siswa budal menyang sekolah katon semangat uga ana sing katon lemes banget. Dina-dina ulangan sampun rampung, nanging uga senep arep ngadepi dina-dina remidi. Murid kang ora remidi ngerjakne soal lan tugas tambahan sing diparingake guru mapel kanggo nambah nilai. Mugo-mugo ujian luwene kabeh siswa gowo kaberkahan ing raport saenggo entuk hasil kang sae lan gawe wong tuwo seneng.

Baca juga …

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu