Cerkak: Sepeda Anyar

Dening Naning Endang Rahayu (XII IPS 3) 

   Ing dina Minggu, Rina ngenteni Bapake ing ngarep omah. Rina ngenteni amerga Rina dijanjeni Bapake yen juara 1 ning kelas bakal ditumbaske sepeda anyar. Nanging, wis jam 4 sore bapake Rina durung mulih saka kerja . Rina langsung mlebu omah takon ibune.

                  “Buk, bapak kok dereng wangsul jam sak menten?” Pitakon e Rina.

                  “Yo embuh nduk, opo o to?” jawabe ibune .

                 “Kulo di janjii bapak bakal di tumbasaken sepeda yen juara 1 wonten kelas,” jawab e Rina

                “Yowis to nduk entenono wae mariki bapak yo mulih,” Saute ibune Rina

               Tanpa pamit Rina langsung mlebu kamar amerga Rina nesu marang bapake. Ora suwe banjur krungu suworo sepedah e bapake, Rina langsung mlayu metu marani bapake.

               “Pak , monggo tirose ditumbasaken sepeda yen juara 1,” Omonge Rina menyang bapake

               “Loh, koe tenan juara 1 to, Nduk?” pitakone bapake

               “Nggeh pak saestu,” jawabe Rina.

               “Yowis ayo nduk gek ndang adus ndang budhal tumbas sepeda,” ajak bapake Rina.

               “Nggih pun, Pak, Rina adus riyen,” jawabe Rina.

                Sawise adus Rina lan bapak e bundhal menyang toko sepeda. Rina lan bapake muter-muter menyang toko sepeda lan nemu sepeda sing disenengi Rina. Sabanjure milih sepeda sing di tuku Rina lan bapak e langsung mulih amerga cuacane lagi mendung. Ora sue Rina lan bapak e anjok omah. 

                 “Yokpo nduk seneng opo ora sepedah e iku mau?” pitakone bapake Rina

                “Nggih remen pak matur sembah nuwun nggih.” jawab e Rina

                “Yowis sepeda e dijogo seng bener yo nduk,” pesen bapake Rina.

                “Nggih pak kulo jagi sepeda e niki,” jawabe Rina.

                “Yowis ayo mlebu omah wes kate udan,” ajak bapake Rina.

                Sabanjure kuwi Rina lan bapak e mlebu omah lan Rina seneng banget sampun ditumbasake sepeda anyar.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu