Cerkak: Getun

Dening Anrei Rana Sherina (XII IPA 2)

     Toni unjal ambegan bareng motor sing pungkasan rampung dikumbah. Sabun rega rong ewuan iku diuncal neng tong sampah ngarep omah. Dheweke ketok mangkel amarga kelingan karo apa sing diomongke wong tuwane mau awan.

     “Le, tolong mengko sore strikakno klambine Ibuk karo Bapak, mene isuk arepe digawe nemoni keluwarga gedhe,” mengkono panjaluke Ibuke Toni.

     “Iyo,” wangsulane Toni cekak.

     Kelingan panjaluke wong tuwane kuwi, Toni mangkel banget. “Aku iki bocah lanang, kok dikongkon setriko barang! Salah aki yo ora diajak metu mene!” gerutu e Toni.

     Toni nyetriko klambi wong tuwane awut-awutan. Pokok sukur ndemek antara setriko lan klambi. Saking mangkel e Toni amarga mene ora diajak metu, dheweke kepikiran ide jahat. Toni sengaja mbolongi sitik klambi Ibukke lan Bapakke.

     Rodok suwi, krungu suwara sepeda pancal. Ngik… Ngik…

     Wong tuwane Toni wis teka nganggo sepeda pancal sing wis ketok kuno. “Wes kok setrikakno klambine Le?” takone Ibukke.

     “Uwes.”

     Ibuke Toni banjur ngewenehi klambi sing dituku saka pasar kae mau neng Toni. Toni nerimo karo wajah bingung, “lho, iki apa Buk?”

     “Klambimu. Iku mau tak tukokno kanggo kowe mene isuk ben iso melu ketemu keluwarga gedhe. Ibumu sing milihno kae mau, apik ra?” takone Bapakke.

     Awake Toni uga merinding. Jantunge keroso kate copot. Dheweke getun. Apamaneh sawise ngerti yen Ibuk Bapakke nukokno klambi gawe awake dewe. Dheweke ngintip ing kamare wong tuwane, ndelok wajah wong tuwane sing wis turu lan ketok kesel. Mboh piye seng bakal dilakokake Toni mariki, dheweke bener-bener getun, bingung tapi ora bisa nangis.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu