Cerkak : Bersih Desa Dadi Rusuh

Dening Anis Sandriana (XII – A)

Ing dina Minggu, 20 Agustus 2023 ing desaku ana kegiatan kanggo ngerayakake ulang tahune kemerdekaan lan bersih deso. Ing acara kasebut para warga ngadakake Kirab Budaya. Para warga pada nampilake Tari-tarian, busana lan paraga nirokake kaya pahlawan.

      Wektu iku aku ora melu Kirab Budaya amargo dikengken jogo parkir lantaran aku kelebu anggota karang taruna sing ditugasne kanggo ngatur mlakune acara kasebut . Acara iku diselenggarakake ing salah sijine dusun ing desoku yaiku Dusun Kenongo, aku oleh bagian jogo parking ing dusunku dewe , Dusun Ngemplak, amarga jarake per dusun iku cekak mulane jogo parkir e ing sekitar Dusun Kenongo iku mau.

     Mulaine acara Kirab Budaya kasebut isih jam 2 awan, nangging mulai isuk uwes akeh uwong-uwong sing teko, ndadekake aku kudu tangi isuk kanggo persiapan, 

“Ayo-ayo ndang siap-siap sing ndilok kirab e wes akeh sing teko,” ujare Mas Fauzi karo bengok- bengok ing ngarepe omah, Mas Fauzi iku ketua karang taruna ing dusunku.  

“Iyo, Mas, sek sarapan,” sautku.

   Sawise siap siap aku langsung nang panggone parkir, ing kunu awak e kabeh kumpul disek kanggo ngomongake aturan- aturane sing kudu dilakoni.

“Dadi ngene kanca kanca, iki oleh peraturan teko wong kantor desa yen regane parkir iki 10.000 ewu,lan pas wayah e metu kudu nduduhne STNK ben weruh yen iku ancene kendaraane dewe, ” ujare Mas Fauzi.

Peraturan iku metu kanggo antisipasi ben ora ana maling kendaraan.

      Awal e kabeh lancar wae, wong-wong podo teratur melbu lan bayar parkir e, sawise iku ana ibu-ibu ngonceng anake melbu, waktu diken mbayar ibu- ibu iki malah moreng-moreng.

“Loh mosok regane parkir ae ngantek 10.000 ewu, wong aku mbiyen yo warga neng kene,”ujare ibu-ibu wau.

“Inggih, Bu, sakniki pun roto mbayare sak munu,malah ing lio deso sampek 30.000 ewu,” ujare Mas Fauzi.

“Halah mosok, ora percoyo aku, wong ndelok ngunu ae dikon bayar sampek 10.000 ewu,”saut e ibu ibu mau.

“Niki pun peraturan teko deso bu, kulo mung manut mawon.”

“Yowes yowes, iki lohh..”

Akhire ibu-ibu mau gelem bayar parkir karo ngremeng.

   Ora mandek ing kunu wae, kegiatan Kirab Budaya iki sampek bengi lan wektu iku ana wong 2 goncengan arep muleh, nangging pas wes metu teko area parkir wong loro iki malah gelut, salah sijine mas mas Karang Taruna iku langsung misah wong loro iku sing lagi gelut.

“Ana apa iki mas kok sak kanca pada gelut?” ujare salah sijine anggota Karang Taruna.

“Mbohh iki loh mas arek iki wes mabok arep e tak setirno malah ora gelem,” ujare salah sijine wong sing arep muleh iku mau.

“Aku iki sek kuat, ora mabuk, wes aku ae sing nyetir.”

“Ora, pokok aku sing kudu nyetir wong koe wes sempoyongan ngunu kok.”

Sak wayahe wong 2 mau sek otot-ototan perkoro nyetir sepedah ternyata onok sing meneng-meneng njabut tase salah sijine mbk mbk sing lagi melu ngerubungi wong gelut mau.

“Seeetttt…. “

“Copeeeeettt copeett tolong tasku digowo, tolongg……” bengoke Mbak-mbak mau.

Kabeh podo panik lan langsung nguber copete iku mau, awale copet mau mlayue banter banget, ehh lah dalah pas copete mlayu liwat telon dekne keserempet wong sing arep liwat.

“Bruuuaaaakkkk,” abane tabrakan e.

“Aduhhh, ” ujare copet.

Lan akhire copete mau kecekel lan digepuki karo warga.

“Wes-wes ojo digepuk i copet e, yopo lek digowo nang stand tendo ae, lan diomongne apik apik,” ujar e Mas Fauzi pas ndeleng wong wong podo gepuki copete.

Sawise digowo nang tendo para warga, Pak RT, anggotane Karang Taruna lan wong 2 sing mabuk  mau podo melu nglumpuk kabeh ning tendo kanggo dadi saksi kedadean iku mau.

“Yopo se mas kok isone samean atene nyopet tasku?”ujar e mbk mbk sing arep dicopet.

“Aku butuh duwek mbk gawe tuku susu ne anakku, anakku dorong ngombe susu dino iki amarga aku kerjo dorong dibayaran,” ujare copet ambek lemes amarga tenagae wes entek bar digepuki warga.

“Oalah mas-mas wong golek duwek gae anak kok gak halah.”

“Iyo mbk aku kepepet ora tego deleng anakku nagis ae mergo dorong ngombe susu”.

“Tambah sakno mas lek anak e samean malah ngombe susu sing tukune gae duwek haram,” ujar e salah sijine mas mas Karang Taruna.

“Iyo mas aku kepepet utekku wes buntu kudu golek duwek neng ndi maneh, arep e golek utangan geno wong sing gelem ngutangi, ” ujar e copet.

“Yowes yowes.. yopo iki penak e? Arep di gowo nang jalur hukum opo mandek sampek kene ae ? ” ujar e Pak RT.

“Ojo Pak sakno anakku lek aku dipenjara…”ujar e copet karo rai e melas.

“Yopo mbk, arep diapakno mas iki? “

“Ora usah digowo nang jalur hukum wes Pak,mesakno mbi anek e nkok..”ujar e mbk mbk sing ape dicopet.

“Yowes mandek dikene ae yo… Kanggo samean mas ojo dibaleni maneh yo lehmu nyopet, kerjo sing bener gae anak bojo..” ujar e Pak RT.

“Iyo pak aku wes kapok,” ujar e Copet.

“Gae mbk sepurane ya iki tas e tak balek no lan matur nuwun wes di pangapuro,” lanjut e ujar e Copet.

“Iyo mas gapopo..”

“Wes yo wes jelas sak iki ayo podo bubar lan ngeramekne acarane Kirab Budoyo ning desone awak e dewe,”ujar e pak RT.

Lan kabeh podo bubar nanging wong 2 sing mabuk mau sek dorong gerak teko lungguh e.

“Loh mas ayok bubar samean mau lak arep e moleh se!? Kok dorong moleh?” ujar e Mas Fauzi.

“Iyo mas aku arep e moleh kok gak yakin kuat nyetir i mas,”ujar e salah sijine wong mabuk mau.

“Oalah mas mas samean iki lakaran kok onok onok ae, wong penak sehat kok malah mabok mabok an gak jelas, yowes samean turu di tendo iki ae,samean mbleber kloso neng isor mene isuk lek wes seger samean muleh,” ujar e Mas Fauzi.

“Suwun ya mas sepurane ngerepoti,” ujar e salah sijine wong mabuk mau.

“Iyoo mas podo podo,” saut e Mas Fauzi.

Acara iki nganti bengi banget aku ora melu jogo parkir nganti mari amarga mene Senin aku arep sekolah lan kudu turu cepet ben ora kawanan leh ku tangi isuk.

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu