Dening Susilowati
Ing sawijining dina, Olif dolanan sepeda karo kanca-kancane yaiku Ari lan Bayu. Dheweke dolanan ing ngarep omah, Olif pancen seneng banget anggone dolanan sepeda. Olif uga kawit iso anggone belajar sepeda, dheweke diajari dening ibune.
Sawatara iku Olif lan kanca-kancane gegojekan bareng karo nyetir sepeda. Menawa ing ngarep omah Olif lan Bayu padha mandhek. Bayu ngongkon Olif supaya sepedaan dikek nanging Olif malah bali ngongkon Bayu supaya dikek. Bayu ora gelem akhire Olif sing dikek. Nalika Olif nyetir dheweke diselipp karo Bayu senajan kaget banget akhire Olif rutuh saka sepedae. Sing Bayu banjur mulih ora nulungi Olif amarga wedi diseneni dening ibune Olif. Olif nangis ora ketulungan pancen bocah cilik yen tiba mesti nangis jerat-jerit mbingungno wong tuwo. Ibune Olif krungu swara tangise anake banjur mlayu metu anggone nulungi Olif sing mengkurep numpang ana ing dhuwur sepedae. Ibune bingung ora karuwan kudu diapakne anake supaya ora nangis. Olif babak bundas ing dengkule lan sikil nanging sing paling parah kuwi lambene Olif sing suwek lan banjir getih. Banjur Olif digendong digowo menyang omah, saka omah kabeh bundase diresiki lan diobati dening ibune ora nganti kari sing ning lambe amarga iku sing paling parah.
Ing wayah sore bapake Olif kondur saka nyambut gawe. Bapake kaget banget nyawang anake sing babak bundas lan bingung opo sebabe. Enggal-enggal Olif lan ibune diajak menyang dokter arep diperikso. Ana ing dokter Olif nangis tenan amarga wedi yen arep disuntik, dokter namung mriksa Olif lan menehi obat. Sabanjure iku Olif digowo mulih supaya enggal diombe obate. Sesuke dheweke ora melbu sekolah amarga durung waras. Ibune sabar ngobati anake sing manjane ora ketulungan. Naning alhamdulillah ing wektu seminggu Olif wis waras kaya biasane , wis iso sepedaan maneh, lan sing pasti iso melbu sekolah kaya biasane. Seneng lan sumringah atine wong tuwane Olif nyawang anake sing wis bagas waras.