Dening Siti Fatonah (XII IPS 3)
Ing sawijining dina, ana bocah wadon sing urip karo donyane dewe. Donya khayalan kang akeh maceme. Donya iku jejer lan kesusun rapi ing utek cemerlange. Senajan kabeh wong ing sakiwa tengene ora ngreken lan nganggep deweke aneh. Nanging dheweke ora peduli, amarga menurute ora ana pengaruh kaliyan ing panguripe.
Jenenge Ayla alviana. Dheweke dilahirna ana ing sawijining kaluwarga sing ora harmonis. Bapake lan ibuke ora seneng marang dheweke. Iku alasane Ayla luwih seneng ngentekake wektue gawe meneng ana ing gubug gawenane sing cidek kaliyan alas. Gubug iku panggone dheweke nemokake kesenangan sing wis suwe ilang. Sawijining wektu , Ayla nyobak mlaku menyang njerune hutan. Ing tengah dalan dheweke nemokake kaca gedhe,usang lan wis ketok tuwo. Amarga dheweke bocah kang kendel, dheweke langsung njupuk kaca iku lan digawa menyang gubug cilik. Ayla mberseni sethitik-sethitik. Kalersan wis bersih, ujug-ujug ana sesuatu ing njobo pradugane. Kaca sing wis bersih iku mau ngetokake kilauan cahaya werno putih sing nyobak narik awake Ayla melbu ing njero kaca iku.
Sajroning wektu ingkang ora suwe, tanpa praduga Ayla ana ing panggonan sing gedhe lan rame banget, nanging dheweke ora ngerti ana ing ngendi, lan kudu nglakoni opo. Dheweke kaget amarga gubug cilik iku berubah dadi apik, akeh tetumbuhan lan wit-witan Kang katon ijo royo-royo. Dheweke seneng banget banget amarga dina iki dadi dina Kang paling nyenengake ing uripe.
Ayla ndeleng buku gede ing nisor wit-witan. Dheweke kepingin njupuk buku iku. Nanging dereng sempet dheweke maju ana salah sijine Wong sing nyedhaki dheweke.
“Hei Ayla kenalno aku Wong Saka masa depan sing bakal mbantu mujudake ngimpimu lan mbantoni apa wae masalahmu” Ngandika Wong kasebut.
“Eh, aku ora kenal sopo kowe? Jenengmu sapa? ” takone Ayla menyang dheweke.
“Jenengku Daren Fransisco,” jawabe Wong kasebut.
“Hmm.. oke aku manut wae,” sahute Ayla.
“Hei Ayla…. Cepet meloko aku,” banjur Ayla meloki deweke.
Wong Saka masa depan iku nggawa Ayla menyang sawijining panggonan. Panggonan sing menehi pemandangan sing megah kaya istana. Tanpa praduga Ayla ndeleng siji sijine Wong pakaiane unik kayata raja, ratu penyihir lan sakabehe. Nanging kabeh krasa ora asing gawe dheweke. Ono Wong sing ana ing khayalanne Ayla jenenge Erza.
“Cepet ngaleho saka cendhela kuwi” ucape Erza.
“Kenopo aku kudu ngaleh Saka kene? Aku sing nggawe crita kabeh iki, aku ya bisa mandhegno critane kapan was aku pingin,” Ayla njawab karo kesenangan atine.
“Kowe bocah Kang bodho!” balese Erza karo nesu.
“Pancen aku bodho, ora ono sing peduli marang aku,” jawabe Ayla karo getun.
“Kowe kudu eling, kowe nduweni wong tuwo. Aja nganggepi sakabehe uwong ora peduli marang kowe. Kowe mung nutup diri sawektu iki, sadar lan belajaro kanggo mikir apik,” sahute Erza.
Ayla langsung ngetokake banyu moto, tandha penyesalan ing uripe.
” Ayla, ing kene kanggo ndeleng kahananmu, apa kowe wis oleh pelajaran sing bisa dipelajari Saka kedadeyan kasebut,” Takone Daren Fransisco.
“Iyo, Frans . Aku ora kenapa-kenapa nanging aku rumangsa nduweni salah marang Wong Wong ing sekitarku amarga aku tansah mentingno awakku dewe,” jawabe Ayla.
“Syukurr… Akhire kowe sadar lan ngerti, saiki kowe bisa Bali menyang omahmu,” ujare Frans.
“Frans ,matur nuwun. Kowe wis nulung aku sing kejebak egois kaliyan awakku dhewe. Aku seneng nduweni kanca kaya kowe,” jawabe Ayla.
“Iyoo Ayla, kowe wis belajar akeh Saka pengalamanmu. Muga-muga bisa kowe lakoni apa wae sing becik kanggo panguripanmu,” ujare Frans.
Banjur Ayla mencet tombol ing jam tangane maneh. Ayla pamit lan dheweke wis teka ing gubuge cilike. Ayla seneng banget, nanging cermin sing ditemokake dheweke iku melu ilang kapisan. Wong tuwane ayla marani dheweke menyang gubug cilik iku. Dikira Ayla kenapa kenapa amarga ora bali menyang omah Wis Rong Dina. Saiki dheweke bersyukur banget marang gusti pangeran menawa dheweke isih diwenehi kaluwarga utuh lan Wong tuwane bisa nerima dheweke. Ayla njaluk pengapurane bapak lan ibuke. Akhire Ayla urip bahagia.