Dening Susilowati
Sasi Mei yaiku sasi kang paling nyenengake, amarga ing sasi iki ora luput saka ramadhan. Atiku paling seneng yen wayahe tekane wulan ramadhan. Aku paling seneng anggone darusan ing masjid utawa langgar. Ing wulan ramadhan iki ora ketinggalan anggone gawe acara buko bareng karo kanca-kanca. Ana kanca SD, kanca SMP, lan kanca SMA.
Dhek wingi aku anggone buko bareng karo kanca-kanca SMP. Ananging anane acara iki aku bisa ketemu karo dheweke sing tau tak tresnani nalika isih SMP. Dheweke ora berubah pancet kaya biyen, seneng guyon, tur tambah manis. Ora mung bisa ketemu dheweke, nanging iso kumpul-kumpul karo kanca SMP sing nggarai ati bungahsumringah kaya oleh rejeki saka dhuwur. Aku paling seneng yen ana acara buko bareng amarga bisa mangan-mangan bareng karo kanca kabeh senajan mung lawuh tempe lan tahu nanging yen dipangan bareng-bareng kuwi rasane kaya mangan iwak pitik goreng, pancen wenak tenan.
Nalika buko bareng aku ora lali karo sholatipun marang Gusti Kang Maha Agung. Senajan bisa seneng-seneng karo kanca yen urusan ibadah ora bisa ditinggalno opo maneh diundur, amarga ana balesane dewe saka sing kuasa. Sakwise sembahyang kabeh kanca ngumpul bareng maneh padha crita-crita apa bae pengalamane ana ing sekolah anyar. Ana sing budrek karo tugas bapak lan ibu guru, ana sing senenge ora ketulungan amarga entuk bocah wadon kang ayu rupane, lan sawerni-werni anggone crito. Sakwise crita, kabeh padha arep pamit wangsul amarga wis cedek isya’ lan kuwatir marang sing omahe adoh ning pelosok. Alhamdulillah bisa ngumpul karo kanca-kanca ingkang gawe ati seneng, mugo-mugo ing liya dina bisa buko bareng lan kumpul bareng.