Cerkak “Cangkir Prothol”

Dening Yudik Wintoro

Sakjané rêgané ora sêpiroå. Nangíng cothoné kuwi síng nganti Bandi ora lèrèn-lèrèn anggoné nggêtuni. Åpå manèh yèn nuju ngópi wayah ésúk, dhèwèké mêsthi banjúr kèlingan. Ngópi kuwi yèn ora nèng cangkír rumangsané rasané dadi bédå. Rasané jan kurang ngês ngono kaé. Upåmå tuku manèh yå isíh kuwat, nangíng yå têtêp bédå.

Åpå manèh cangkír mau cangkír kawak lan amúng kari siji, tinggalané ibu suwargi. Utåwå mbók mênåwå waé malah tinggalané suwargi simbahé. Sabab wêktu isíh cilík, dhèwèké kêrêp wêrúh ibuné ngladèni kópi simbah kakúng sabên ésúk yå nganggo cangkír kuwi.

Yå amargå amúng kari rupå cangkír kuwi warisan síng saiki isíh nyiså, mulå anggóné ngêmi-êmi kåyå déné êmas picís råjå brånå. Mulå dhèwèké dadi nêsu bangêt nalikå wêrúh cangkír mau próthól ganthilané.

Critané, nalika wayah ésúk, kåyå padatan Marni, bojoné marani dhèwèké síng lagi måcå koran nèng têras sak durungé mangkat nyambút gawé karo nggåwå sak cangkír kópi.

“Kópiné, Pak,” kandhané síng wédók.

“Ya, sèlèh kono,” sauré tanpå nyawang.

Bubar lêladi síng wédók ugå banjúr bali mlêbu, nutúgaké anggóné rêsík-rêsík omah. Karo mripaté isíh kóbêr nyawang tulisan ånå koran mau, tangané nggrayahi cangkír kópi síng isíh panas kêmêbúl mau.

Nangíng ébå kagèté nalikå tangané ora nêmókaké ganthilané cangkír. Atiné sakal muntab wêrúh cangkír mau wís brundhúl tanpå ganthilan. Mèh waé cangkír sak kópiné mau dibantíng nèng njogan mênawa ora élíng mênåwå cangkír barang tinggalané wóng tuwané síng aji kanggoné dhèwèké.

“Bu!” pambêngóké marang síng wédók. Síng dibêngóki uga banjúr gitå-gitå marani síng ngundang.

“Cangkir iki mbók kapakné kók nganti ganthilané próthól ngéné iki?” pitakóné Bandi karo mripaté mêndêlík.

“Oalah…kuwi tå? Ngéné lho, Pak. Kuwi ngånå kêbênthík nalikå dak isahi ésúk mau,” saurané síng wédók ènthèng.

“Lha polahmu piyé, isah-isah kók nganti ngrusakké barang? Yèn ngéné iki rak cotho dadiné.”

“Halah, wóng cangkír kawak waé kók digêtuni. Mbók mêngko dak tukókké manèh sêlosín síng luwíh apík.”

Krungu saurané bojoné síng kétóké ènthèng mau sakålå dadi muntabé Bandi. Nyat, dhèwèké budhal nyambút gawé tanpå pamít. Wédang kópi síng wís wiwít adhêm mau ora disénggól babar pisan.

Wiwít dinå kuwi dhèwèké ora tau gêlêm ngombé kópi síng diladèkaké bojoné, nadyan wís diganti nganggo cangkír anyar síng luwíh apík modhèlé. Atiné isíh kêmrópók yèn kèlíngan nyawang cangkír próthól tanpå ganthilan mau.

***

Soré kuwi, mêtu såkå pabrík Bandi ora langsúng bali. Dhèwèké sêmayan karo Sunaryo nèng warúng. Kancané mau kåndhå mênåwå nduwé cangkír kunå kåyå cangkír duwèké. Bandi pancèn tau crita ngênani råså cuwané marang síng wédók amúng gårå-gårå cangkír próthól ganthilané mau.

“Yèn trimå cangkír kåyå ngånå kuwi aku isíh nduwé. Yèn pêrlu cangkír kuwi bisa mbók ênggo,” kandhané Sunaryo.

“Têrús mbók kón nuku pirå?” takóné Bandi sênêng.

“Wís ora usah dituku. Wóng amúng cangkír waé kók. Karo manèh aku yå ora patiyå sênêng ngombé nèng cangkír. Kurang marêm,” saurané kancané mau.

Sakjané rasané ora marêm, amargå dudu cangkír warisan. Nangíng ora åpå-åpå. Idhêp-idhêp kanggo nambani råså cuwå. Sinambi ngêntèni kancané síng isíh bali njupúk cangkír, dhèwèké åbå kópi marang bakulé.

Ora suwé sak cangkír wís cumêpak nèng ngarêpané. Isíh panas kêmêbul amargå banyuné tansah digênèni. Ora banyu trémós kåyå warúng-warúng liyané.

Bubar ngilíng kópi ana lèpèk lan disrupút, Bandi ngêtókaké rókók lan korèk saka sak klambiné. Nangíng apês, korèk jrès mau rådå mlêmpêm, mula angèl murubé. Tujuné nèng kånå ånå korèk gas cêpakané warúng. Mula dhèwèké banjúr ngranggèh korèk mau.

Nangíng nalika arêp ngranggèh korèk mau ndilalah tangané nyampé cangkír nèng ngarêpané, nganti kópi isíh sêparo mau kutah, mblabar nèng méjå. Lan cilakané, ganthilané cangkír mau próthól kêbênthík lèpèk. Bandi dhêlêg-dhêlêg nyawang cangkír mau.

“Pún, kêrsané, Pak. Mangké kulå damêlakên kópi malíh,” kandhané bakulé kanthi grapyak.

“Síng kulå gêtuni niku mbótên kópiné. Nangíng cangkír njênêngan síng próthól ganthilané niki,” kandhané Bandi sêmu rikúh.

“Mbótên nåpå-nåpå. Wóng sanèsipún inggíh pún sami próthól. Nggíh maklúm wóng cangkír lawas, dadós nggíh gampang próthól cangkingané. Kaliyan malíh wóng namúng cangkír kémawón kók,” kandhané bakúl tanpå råså cuwå.

“Nangíng rasané kók éman sangêt,” Bandi isíh mèlu nggêtuni.

“Kanggéné kulå, langkúng éman kélangan pêlanggan tinimbang kélangan cangkír. Nganggé cangkír utúh nåpå cangkír próthól, raósipún inggíh têtêp kópi. Ngatên mawón kók didamêl ribêt. Mênåpå malíh kók ngantós dadós padudón kaliyan anak utawi bojo namúng gårå-gårå cangkír?”

Dhêg! Atiné Bandi rumångså kåyå kêdhódhóg alu. Dhèwèké banjúr kèlingan anggóné wís pirang-pirang dinå nêng-nêngan karo Marni amúng gårå-gårå cangkír. Atiné rumångså kêduwúng.

Bubar ngêntèkaké kópi anyar síng diladèkaké bakulé, Bandi banjúr mêtu sawisé mbayari kópi róng cangkír. Dhèwèké wís ora ngêntèni têkané kancané manèh. Sêdyané amúng siji, bali lan bakal njalúk ngapurå marang bojoné síng wís pirang-pirang dina ora diluruhi.

“Mugå-mugå waé atiné Marni ora mèlu próthól,” batiné Bandi sadalan-dalan. Srêngéngé wís angslúp. Lampu-lampu dalan wís wiwít murúb padhang kåyå padhangé ati dinå kuwi.

Sumber: https://ki-demang.com/

Share this post

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Share on linkedin
Share on print
Share on email

Berita Terkait

Tinggalkan Balasan

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.

Close Menu